Bahasa Pendidikan

7 Cerita Rakyat Bahasa Jawa Singkat yang Menarik, dari Keong Mas hingga Jaka Tarub!

7 menit

Indonesia dikenal memiliki sejumlah folklor populer di berbagai daerah, salah satunya adalah cerita rakyat bahasa Jawa yang sangat menarik untuk dibaca.

Cerita rakyat bahasa Jawa adalah genre folklor yang diceritakan turun temurun dan diwarisi secara lisan maupun tulisan oleh masyarakat.

Di berbagai daerah, cerita rakyat meliputi mite, legenda, atau dongeng yang mengandung nilai moral, adat, hingga pendidikan.

Salah satu contoh cerita rakyat Jawa paling dikenal adalah Jaka Tarub, Keong Mas, dan Roro Jonggrang.

Namun, selain cerita rakyat tersebut, ada pula cerita rakyat dari Jawa lainnya yang cukup menarik dibaca oleh kalangan pelajar, baik anak sekolah, mahasiswa, atau peneliti.

Berikut kumpulan cerita rakyat bahasa Jawa yang dirangkum dari buku Cerita Rakyat Jawa Tengah dalam Tiga Bahasa yang disusun Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah beserta sumber lainnya.

7 Cerita Rakyat Bahasa Jawa

1. Cerita Rakyat Bahasa Jawa: “Keong Mas”

cerita rakyat bahasa jawa

Sumber: YouTube/Riri Cerita Anak Inspiratif

Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan. Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane.

Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan kaya mangono nanging dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti.

“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugimugi inggal kalis saking prahara punika.”

Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan ing alas. Nalika lagi milang-miling weruh cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat.

“Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi?” ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watuwatu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes, urung entuk krowodan nganti meh surup, dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo.

Sawise leyeh-leyeh ing emperan dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa ganjel weteng kang luwe. Mbok Randha kami tenggengen amrgi ngerti panganan kang ana ing pawone. Sopo sing ngeteri panganan kuwi, ing batine kebak pitakon. Sebab mulih saka alas, pawone mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono iku kedadeyan ing saben dina. Sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi sapa tho wong kang mlebu ing pawone.

Keong Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong Mas mau malih wujud. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi.

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarangdarang ing alas lan jilmo Keong Mas?”

“Yung aku iki garwane Raja ing Jenggala, Raja Inukerta, aranku Candrakirana”

“Lho kok bisa dadi Keong Mas lan awakmu bisa tumeka ing alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu?”

Banjur, Dewi Candrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke wegah, ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang kali.

Tujuane supaya ora bisa ketemu karo garwane Candrakirana, Raja Inukerta. Anehing kahanan ana ing nalikane kali kecemplungan Keong Mas banyune dadi garing, kaline asat. Asate banyu iku mau kang njalari Keong Mas nyungsang ing watu-watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu, akhire banjur diopeni Mbok Randha Dhadapan.

2. Cerita Rakyat Bahasa Jawa: “Critane Dewi Lanjar”

Crita Dewi Lanjar yaiku sawijining crita legendha kang isih tetep diuri-uri dening masyarakat ing sadengah pesisir lor Jawa Tengah, saka pesisir Kabupaten Tegal tekan Pekalongan.

Ing sawenehing kadadeyan, masyarakat asring nggandheng-gandhengake kadadeyan-kadadeyan iku karo Dewi Lanjar. Umpamane menawa ana bocah sing lagi dolanan ing pesisiring samodra banjur ilang, biyasane mesthi padha duweni panemu menawa si bocah iku digawa Dewi Lanjar.

Saupama bisa ditemokake maneh, biyasane bocah kuwi mratelakake menawa dheweke kesasar ing sawijining papan utawa kraton sing dipanggoni dening para pawongan sing kaya lumrahe wong-wong urip ing donya.

Wong-wong kuwi padha duwe gegawean mbatik, dagang, nukang, njala iwak, lan liya-liyane sing ora beda kaya kahanan ana kutha wae. Papan mau dikuasani dening putri sing ayu rupane, yaiku Dewi Lanjar.

Duk nalika semana, ing sawijining papan peranganing pesisir lor Jawa Tengah ana sawenehing wanita sing ayu banget, nganti saiki praupane sing ayu mau isih kawentar dadi kembang lambene wong-wong ing tlatah kana. Wanita mau jenenge Dewi Rara Kuning. Dene papan panggonane ora ana sing padha mangerteni.

Sajroning nglakoni owah gingsire uripe, Dewi Rara Kuning ngadhepi pacobaning urip sing abot banget awit ing atase umure isih enom dheweke wis dadi randha. Garwane seda nalika nembe wae omah-omah. Mulane Dewi Rara Kuning banjur kawentar kanthi asma Dewi Lanjar. Lanjar iku aran utawa sebutan kanggo wanita sing pisah karo garwane nalika isih enom lan durung diparingi momongan.

Wiwit katinggal dening garwane, Dewi Lanjar tansah nelangsa lan tansah kelingan marang garwane. Kahanan kaya mengkono iku lumaku nganti sawetara suwene. Nanging, saya suwe Dewi Lanjar banjur mikir, menawa mung nelangsa lan kelingan garwane terus, dadi ora apik tembe burine. Mula saka iku Dewi Lanjar banjur duwe niyat ninggalake papan panggonane, ngulandara kanthi tansah netesake luh ing sadalan-dalan.

Cinarita, lakune Dewi Lanjar tekan ing pinggiring kali, yaiku Kali Opak. Ing papan kono dheweke banjur ketemu karo Raja Mataram, Panembahan Senopati, kang bebarengan Mahapatih Singaranu lagi tapa ngambang ing kali mau.

“Sapa sliramu lan ngapa ijen tekan kene? Langka banget ana wanita lunga ijen ning Kali Opak iki,” pandangune Mahapatih Singaranu.

“Nyuwun pangapunten, mbok bilih anggen kawula lumampah ngreridhu anggen Sinuwun kekalih nglampahi tapa. Nami kawula Dewi Lanjar, asal kawula saking tlatah pesisir ler Jawi,” ature Dewi Lanjar.

“Dewi Lanjar? Dadi sliramu kuwi randha kang ditinggal mati bojomu?” pandangune Panembahan Senopati.

“Inggih Sinuwun, semah kawula tilar donya boten dangu sasampunipun kawula kekalih sesemahan. Dados, kawula dereng kaparingan momongan. Wekdal punika kawula gesang piyam- bakan, saengga kawula mutusaken ngulandara kangge nglalekaken rasa duhkitaning manah lan pungkasanipun kawula dumugi wonten ing lepen punika,” ature Dewi Lanjar.

Sajroning patemon iku, Dewi Lanjar ngaturake kekarepan lan matur wis ora kepengin rabi maneh.

Panembahan Senopati lan Mahapatih Singaranu dupi midhanget ature Dewi Lanjar rumangsa trenyuh lan melas.

“Nelangsa temen nasibmu, sliramu isih enom, isih akeh kang bisa kotandangi,” ngendikane Mahapatih Singaranu.

“Becike terusna lakumu, terus mlakua mengidul, lan tapaha ing pesisir segara kidul, ngadhepa marang Ratu Kidul,” pangandikane Panembahan Senopati.

“Inggih sendika Sinuwun, kawula badhe nglajengaken lam- pah. Nyuwun pandonganipun lan pngetunipun, mugi-mugi ang- gen kawula lumampah saget gancar lan dumugi papan kang pi- nuju manggih kaslametan,” panyuwune Dewi Lanjar.

“Ya. Muga-muga lakumu gancar lan nemoni urip kabegjan,” pangandikane Panembahan Senopati.
Sawise sauntara wektu, padha pepisahan lan mbacutake lakune dhewe-dhewe. Panembahan Senopati lan patihe mba- cutake anggone tapa ngliwati pinggiring Kali Opak, dene Dewi Lanjar lumaku tumuju pesisir kidul kanggo ngadhep Ratu Kidul.

Sawise tekan ing pesisir kidul, Dewi Lanjar banjur golek papan kang apik kanggo tapa. Amarga antebing tekad lan yakin marang piwelinge Raja Mataram, kanyatan Dewi Lanjar bisa moksa (ngilang) lan bisa sapatemon karo Ratu Kidul. Sajroning patemon iku, Dewi Lanjar duwe panyuwun supaya bisa dadi abdine. Ratu Kidul ngayogyani panyuwune Dewi Lanjar.

Pinuju ing sawijining dina, Dewi Lanjar didhawuhi nggodha lan ngalang-alangi Raden Bahu kang lagi mbukak alas Gambiren (wektu iki panggonane ing sakiwa tengene kretek anim Peka- longan lan Desa Saragenen papane Raden Bahu gawe geni). Nanging, amarga kasektene Raden Bahu, sing dipikoleh kanthi tapa ngalong (kaya kalong utawa lawa), kabeh panggodhane Dewi Lanjar bisa dikalahake. Malah kapara Dewi Lanjar manut marang Raden Bahu. Dewi Lanjar banjur mantep ora bali neng pesisir kidul.

“Raden Bahu, kawula ngakeni kawon. Kawula boten wantun wangsul dhateng pesisir kidul. Pramila, menawi dipunkeparengaken, kawula kepengin dherek gesang ing papan pa- nguwaos panjenengan ing pesisir ler,” panyuwune Dewi Lanjar.

“Dewi Lanjar, yen mengkono panyuwunmu, aku bakal nampa lan menehi palilah kowe manggon ing tlatah panguwasaku,” walsulane Raden Bahu.

“Matur nuwun, Raden,” ature Dewi Lanjar.

“Nanging, becike kowe kudu tetep nyuwun palilah luwih dhisik marang Ratu Kidul, kepiyea wae kowe tau kepotangan budi marang piyambake,” dhawuhe Raden Bahu.



“Inggih, pancen saenipun kawula nyuwun palilah dhateng Ratu Kidul rumiyin. Pramila kawula badhe dhateng pesisir kidul rumiyin, sasampunipun kawula badhe wangsul mriki malih,” ature Dewi Lanjar.

“Ya. Mangkata! Temonana Ratu Kidul, sawise kuwi baliya mrene meneh, lan tlusurana pesisir lor Jawa! Yen mengko wis ketemu papan kang becik manut panemumu, mandhega lan manggona ing papan kuwi,” ngendikane Raden Bahu.

“Matur nuwun, Raden Bahu. Kawula badhe enggal-enggal bidhal lan mangke badhe wangsul mriki malih,” ature Dewi Lanjar. Dheweke banjur budhal menyang pesisir kidul lan nyuwun palilah marang Ratu Kidul.

Sakbaline saka pesisir kidul, Dewi Lanjar banjur nlusuri pesisir lor kanggo nemokake papan sing cocok. Sawise nlusuri pesisir lor pirang-pirang dina suwene, Dewi Lanjar bisa nemokake papan kang cocok kanggo manggon.

Raden Bahu ngayogyani menawa Dewi Lanjar arep manggon ing papan kuwi, malah uga oleh palilah saka Ratu Kidul. Dewi Lanjar diparengake mapan ing pesisir lor Jawa Tengah, utamane ing Pekalongan.

Miturut critane, kraton Dewi Lanjar mapan ing pesisir Pekalongan, penere ing gisik Slamaran.
Kanggo pengeling-eling legendha Dewi Lanjar, dianakake upacara sedekah laut. Adicara kaya mangkono mau diadani saben taun lan kalebu ing tanggalan pariwisata.

3. Cerita Rakyat Bahasa Jawa: “Nusakambangan”

Sumber: buku Cerita Rakyat Jawa Tengah dalam Tiga Bahasa

4. Cerita Rakyat Bahasa Jawa: “Roro Jonggrang”

Awal mula anane Candi Roro Jonggrang kuwi saka perjanjian antara Bandung Bondowowso karo Putri Roro Jonggrang. Bandung Bondowoso pingin rabi karo putri, nanging putri ora gelem amarga Bandung Bondowoso wis ngalahno Bapake ning peperangan. Banjur gawe syarat kudu mbangun sewu candi selama sakwengi.

Bandung Bondowoso diewangi karo jin nganti ing wayah tengah wengi mung kari siji candi. Kanggo ngalang-alangi, Roro Jonggrang nimbali kabeh wanita supaya ngobong jerami lan nggebug lesung supaya jago kluruk lan para jin padha mlayu.

Weruh trik kasebut, Bandung Bondowoso ngipat-ipati Roro Jonggrang dadi patung gawe njangkepi candi sing kurang siji mau lan wong wadon dikutuk ora gelem omah-omah nganti wis tuwa.

Baca Juga: 7 Cerita Rakyat Jawa Tengah Paling Populer. Singkat Tapi Menarik!

5. Cerita Rakyat dalam Bahasa Jawa: “Jaka Tarub”

cerita rakyat bahasa jawa cerita rakyat bahasa jawa cerita rakyat bahasa jawa singkat dan pendek contoh cerita rakyat bahasa jawa contoh cerita rakyat bahasa jawa

Sumber: buku Cerita Rakyat Jawa Tengah dalam Tiga Bahasa

6. Cerita Rakyat Jawa: “Mbah Jegot ing Alas Donoloyo”

Ing jaman kawitan madege Kasultanan Demak, Raden Patah kang mujudake sultan kapisan ing Kasultanan Demak pengin nggawe masjid agung kanggo sembahyang kawulane. Kanggo mujudake gegayuhane Sultan Demak ngutus para wali sanga golek kayu jati menyang alas Donoloyo kang ana ing dhaerah Wonogiri. Sawise prentah ditampa, para wali sanga banjur lunga menyang alas donoloyo.

Sawise tekan, para wali banjur nembung menyang Ki Ageng Donoloyo. Miturut crita Ki Ageng Donoloyo mujudake pawongan kang duwe alas Donoloyo. Rampung ngandharake angkah lan tujuane menyang alas Donoloyo. Para wali sanga diijini golek kayu jati sing disenengi lan dianggep pantes kanggo nggawe masjid demak.

Nalika sunan-sunan liyane golek kayu sing gedhe lan lurus wite. Sunan Kalijaga malah nglumpukake kayu sisane wali liyane. Sisa-sisa kayu kang sinebut tatal kuwi diklumpukake lan disusun nganti dadi saka. Cekake critan sawise ngucapake matur nuwun merga dililani golek kayu jati. Para wali bali menyang tekan Kasultanan Demak maneh. Satekane wewengkon kasultanan Demak. Kayu-kayu jati iku banjur wiwit digarap kanggo mbangun masjid. Akeh sing ngrasa nggumun karo apike kayu jati saka alas Donoloyo. Mung emane wektu iku ana kayu siji kang rada aneh wujude. Senajan wujude gedhe, kayune ora lurus kaya kayu jati liyane. Merga wujude kang beda tinimbang kayu jati liyane.

Para tukang lan para wong sing nonton proses pembangunan Masjid Agung Demak akeh sing maido lan ngilokna kasebut kanthi tetembungan kang ora pantes. Menawa wae, merga rumangsa dipaido lan dielek-elek merga wujude ora sampurna. Kayu jati iku banjur mabur lan bali maneh menyang alas Donoloyo. Tekan saiki kayu jati iku isih ana lan manggon ing satengahe alas Donoloyo. Warga sakiwa tengene alas donoloyo ngarani kayu kaseut kanthi sebutan Mbah Jegot.

7. Cerita Rakyat dalam Bahasa Jawa: “Api Abadi Mrapen”

***

Semoga bermanfaat, Property People.

Simak informasi menarik lainnya di Berita.99.co dan Google News.

Cek juga rumah incaran kamu melalui www.99.co/id.

Dapatkan kemudahan mencari hunian karena #segampangitu menemukan properti impianmu.

Yuk, temukan ragam promo terbaiknya!



Ilham Budhiman

Content Editor
Lulusan Sastra Daerah Unpad yang pernah berkarier sebagai wartawan sejak 2017 dengan fokus liputan properti, infrastruktur, hukum, logistik, dan transportasi. Saat ini, fokus sebagai penulis artikel di 99 Group.
Follow Me:

Related Posts